Contoh Teks Sesorah Hari Kemerdekaan Dalam Bahasa Jawa

MedolsaPedia | Contoh Teks Sesorah Hari Kemerdekaan Dalam Bahasa Jawa


Assalamualaikum wr. wb.

Bapak kepala sekolah SMK Negeri 1 Seyegan ingkah kinurmatan. Bapak/ibu guru ingkang satuhu luhuring budi. Saha para kanca ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin ngaturaken puja puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kula lan panjenengan taksih saget makempal wonten ing aula SMK Negeri 1 Seyegan kanthi tentrem, rahayu nir ing sambikala salebeting pahargya pangetan 17 Agustus Indonesia mardhika.

Bapak, ibu, simbah, simbah buyut, canggah sampun kupiya mengsah walandi ngantos dumugi 3,5 abad utawi 350 warsa dangunipun. Bandha saha nyawa dados tohipun. Senajan namung ngangge bambu runcing Indonesia mboten ajrih mangsah walandi ingkang ngangge bedhil senjata modern. Sedaya punika amargi raos greget leluhur ingkang ageng. Ugi hidayah saking gusti Allah SWT saengga Indonesia saged mardhika.

Ananging samenika lare-lare kraos awrat nindakaken upacara pengetan dinten kamardhikan Indonesia. Alasanipun kathah: panas, dangu, lemes lsp. Menapa mboten lingsem dhateng para leluhur? Menapa mboten kelingan jaman rumiyin? Panas lan udan para leluhur tansah greget kangge perang mengsah penjajah. Dene pramudha, lare nem kedah saget owah sikap aras-arasanipun. Ayo pramudha! Gumregah cancut taliwanda ndherek nyengkuyung ngisi kamardikan kanthi sesanti greget, sengkuh ora mingkuh!

Cekap semanten atur kula, menawi wonten kathah kalepatan, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum wr. wb.

Semoga bermanfaat...

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Contoh Teks Sesorah Hari Kemerdekaan Dalam Bahasa Jawa"

Post a Comment