NASKAH DRAMA AJI SAKA (Asal Usul Aksara Jawa) dalam Bahasa Jawa

MedolsaPedia | NASKAH DRAMA AJI SAKA (Asal Usul Aksara Jawa) dalam Bahasa Jawa


Sobat MedolsaPedia, saya disini akan memberikan contoh teks naskah drama tentang cerita rakyat yaitu aji saka yang akan saya tuliskan dalam bahasa jawa. Berikut naskahnya...., cekidot..

Tokoh:
1. Prabu Dewatacengkar
2. Patih Ceme
3. Mbah Gina
4. Aji Saka
5. Sembodo
6. Dora
7. Wagiman
8. Purwati

Wayah wengi ing kerajaan Medangkamulan Patih Ceme tembe ngadhep wonten ngarsanipun Prabu Dewatacengkar.

Prabu Dewatacengkar: "Patih Ceme reneo koe!"
Patih Ceme: " Wonten nunopo Prabu, panjenengan nimbali kula?"
Prabu Dewatacengkar: " Ora usah takon meneh! Opo koe lali karo kewajibanmu? Aku ngelih, golekno tumbal saiki!"
Patih Ceme: "Sendiko dhawuh Prabu..."

Patih Ceme banjur mubeng kerajaan Medangkamulan nggolek mangsa. Ing lampahing Patih Ceme banjur ketemu kalian Wagiman lan Purwati ingkang lagi rasan-rasan marang Prabu Dewatacengkar. Banjur Patih Ceme ngoyak Wagiman kalian Purwati ingkang badhe dipakakke marang Prabu Dewatacengkar. Nanging wagiman iso mlayu lan sing kecekel namung Purwati.

Wagiman: " Rajane awakdewe ki ganas banget yo? Rakyate dewe wae do di pangan...
Purwati: " Hoo bener kui, neng awakdewe ra oleh ngrasani ngono kui Man, engko ndak awakdewe dicekel...
Patih Ceme:" Sasaranku...! Do ngopo neng kono rene melu aku!
Wagiman: " Mlayu..., ndak awakdewe didadekke tumbal...!
Purwati: " Teni aku mas, yung sikilku...

Purwati ditinggal karo Wagiman mergo wes keweden. Pas Purwati mlayu, banjur deweke kesandung tibo njut kecekel marang Patih Ceme banjur di tumbalke marang Prabu Dewatacengkar.

Patih Ceme:" Whahahaha..., kecekel ra koe! Makane ojo cobo" mlayu!
Purwati:" Ampun Patih Ceme"...(nangis)

Ing tengah alas Aji Saka Weruh Simbah-Simbah sing lebar dirampok banjur nulungi. Jebulno simbah-simbah mau rakyat Medangkamulan seng lungo mergo wedi marang Prabu Dewatacengkar mergo seneng mangan uwong.

Mbah Gina:" Tulung-tulung....!!"
Aji Saka:" Enten nunopo mbah?"
Mbah Gina:" Aku Lebar dirampok le..."
Aji Saka: Owalah, sakjane simbah niku saking pundi kok saget tekan tengah alas ?"
Mbah Gina:" Ngene le, aku iki sakjane rakyat Medang kamulan.., aku lungo mergo aku wedi marang raja meng kono seng jenenge Prabu Dewata Cengkar. Deweke seneng mangan manungso le....
Aji Saka:" Owalah, ngeten to..., niki arto sekedek kagem simbah, kulo tak wangsul rumiyin..

Krungu ceritone simbah-simbah mau, Aji Saka banjur bali nemoni Asistene sek jenege sembodo lan dora. Sembodo diajak Aji Saka menyang neng Medangkamulan, lan Dora dikon njogo omah lan dititipi keris marang Aji Saka. Keris mau ra oleh dinehke sopo wae kejobo Aji Saka dewe.

Aji Saka:" Sembodo..., Dora , aku arep ngomong sesuatu...
Sembodo:" Enten nunopo kang?
Aji Saka:" Aku mau ketemu karo simbah-simbah sek lebar dirampok.., banjur ceriyo yen deweke kui rakyak Medangkamulan seng lungo mergo wedi karo rajane dewe yaiku Prabu Dewatacengkar."
Dora:" Owalah kang mas, terus pripun?"
Aji Saka:" Ngene, aku ndue niatan arep lungo rono, mesakke rakyat medang kamulan yen terus terus ngene..."
Sembodo:" Nek kulo nggeh manut mawon kang mas"
Aji Saka:" Yowes nek ngono, Sembodo koe ngancani aku rono ya...
Sembodo:" Sendika dawuh kang mas"
Aji Saka:" Dora..., koe tak titipi keris yo, neng elengo pesenku iki..., keris iki ojo ngasi tok nehke sopo-sopo kejobo aku dewe..!
Dora:"nggeh kang mas..

Sakwise rampung anggenipun rembugan, Aji Saka kalian Sembodo banjur menyang neng Kerajaan Kamulan. Sakwise tekan kono Aji Saka banjur nemoni Prabu Dewatacengkar

Aji Saka:" Sembah bekti kulo Prabu...
Prabu Dewatacengkar:"Koe sopo? Ono opo koe rene...?
Sembodo:" owalah iki po raja sek jarene cok mangani uwong? Rene lawan aku nek wani!
Prabu Dewatacengkar:" Piye?!!, tapuk cangkemu kowe...
Aji Saka:" uwes-uwes, ngeten Prabu, kulo ing mriki ajeng nyerahaken rogo kulo kagem prabu...nanging ono syarate
Prabu Dewatacengkar:" whahahah, wani tenan koe rene arp ngenehke rogomu nggo aku...opo syarate..?
Aji Saka:" kulo nyuwun lemahe panjenengan sakdowone sorban ingkang kulo agem...
Prabu Dewatacengkar:" opo koe guyon? Hhh, oke aku setuju, ayo lek diukur...
Aji Saka:" nggeh Prabu....

Sakwise Prabu Dewatacengkar setuju, banjur diukur lemah sakdowone sorban Aji Saka. Nanging sorbane soyo dowo ngasi dowone sak jembare kerajaan Medangkamulan. Rumangsa diapusi banjur Prabu Dewatacengkar nesu, naning Prabu Dewatacengkar ora iso opo-opo mergo lebar kui sorbane aji saka mau nggubet awake Prabu Dewatacengkar lan nguncalke Prabu Dewatacengkar ing segoro kidul. Lan Prabu Dewatacengkar malih dadi boyo.

Prabu Dewatacengkar:" Asem tenan, jebul koe ngapusi aku. Aku ra trimo!
Aji Saka:" njenengan pun mboten saget nopo-nopo malih.
Prabu Dewatacengkar:" aaaaaa, tulung! (Diuncalke neng segoro kidul).

Akhire Prabu Dewatacengkar kalah marang Aji Saka. Banjur Aji Saka diangkat dadi raja neng kerajaan Medangkamulan. Banjur ngutus Sembodo kon njipuk keris sek di titipke marang Dora.

Aji Saka:" Sembodo koe saiki tak utus, jipukke keris sek tak titipke marang Dora kapan kae..."
Sembodo:" Sendiko dhawuh Kang mas.."

Sakwise Sembodo tekan nggone Dora, banjur Sembodo nyeritakke opo seng dadi welinge Aji Saka

Sembodo:" Dora, piye kabarmu saiki?
Dora:" Apik-apik wae Sembodo, piye kabare Kang mas Aji Saka?
Sembodo:" Apik yoan, deweke saiki wes diangkat dadi raja ing medangkamulan mergo iso ngalahke Prabu Dewatacengkar."
Dora:" owalah,. Aq melu seneng nek ngono..., terus opo tujuanmu rene?
Sembodo:" aku diutus Kang mas Aji Saka kon njupuk keris seng dititipke karo koe.."
Dora:" ora bakal tek nehke, gek-gek koe mik ngapusi!
Sembodo:" ora , aku tenanan diutus kalian Kang Mas Aji Saka!
Dora:" ora , aku wis diwelingi ora oleh ngenehke keris iki karo sopo wae kejobo Kang mas Aji Saka dewe....

Mergo kukuh karo pendapate dewe-dewe lan rumongso bener, akhire Sembodo karo Dora Padu banjur tarung ngasi mati. Reti asistene, yoiku sembodo kok ra bali-bali, Aji Saka kelingan yen deweke tau pesen marang Dora yen keris e ora oleh dinehke sopo-sopo kejobo deweke. Banjur Aji Saka nusul ono ing papane Dora, nanging Aji Saka kaget mergo reti wong 2 mau wes mati. Kanggo ngenang asistene seng podo setia marang deweke mau.., banjur kisahe cah loro mau diabadekke ono ing tulisan seng saiki cok disebut AKSARA JAWA.

SELESAI...!!

Sobat MedolsaPedia, itulah artikel saya tentang Naskah drama aji saka dalam bahasa jawa. Dialog di naskah ini adalah murni karya saya sendiri, jadi mohon maaf jika ada banyak kesalahan didalamnya.

#Semoga Bermanfaat...










Subscribe to receive free email updates:

2 Responses to "NASKAH DRAMA AJI SAKA (Asal Usul Aksara Jawa) dalam Bahasa Jawa"

  1. bang ijin dipake buat tugas ya. Nanti tak cantumin sumber bang. Makasih sebelumnya bang.

    ReplyDelete